Kegiatan Siswa

UPACARA BENDHERA ING SMP NEGERI 20 SURABAYA

Dina Senen tanggal 4 Maret 2019 SMP Negeri 20 Surabaya nindakake upacara bendhera kaya padatan. Nalika wektu wis nuduhake tabuh 06.30 para siswa bebarengan guru SMP Negeri 20 Surabaya wis mlumpuk ing lapangan saperlu persiyapan upacara bendhera. Watara tabuh 06.45 upacara bendhera wis bisa kawiwitan kanthi runtut manut urutan rantaman.

Upacara bendhera katindakake dening warga SMP Negeri 20 Surabaya, kayata para guru, staf karyawan, lan para siswa wiwit kelas VII, VIII, tumeka IX. Para warga SMP Negeri 20 Surabaya nindakake upacara bendhera kanthi kebak kawigaten. Ora mung siswa kanthi kahanan sehat bae, nanging siswa kang lagi nandhang lara uga nduweni kawigaten nindakake upacara bendhera.

Petugas upacara bendhera yaiku kelas VII-H, dene pembina upacara bendhera katindakake dening Ibu Mas’amah, M.Pd. Minangka pembina upacara, Ibu Mas’amah, M.Pd ngandharake sawetara babagan, ing antarane 

  • petugas upacara wis bisa nindakake jejibahane kanthi becik lan tanggung jawab, 
  • wigatine para warga SMP Negeri 20 Surabaya njaga karesikan lingkungan sekolah, sarta 
  • tanggal 25 Maret 2019 siswa kelas XI bakal nindakake USBN lan kelas VII apadene VIII nindakake PTS genep.

Warga SMP Negeri 20 Surabaya nindakake upacara bendhera kanthi tujuwan kanggo nuwuhake kedhisiplinan tumrap para siswa. Mula nalika ana siswa kang ora dhisiplin nalika nindakake upacara bendhera, banjur diwenehi pembinaan kanthi cara kajejer ana ing ngarep para pandherek upacara bendhera supaya bisa mawas dhiri tumrap kaluputane. Upacara bendhera kanthi umum bisa lumaku kanthi becik lan runtut, saengga watara tabuh 07.30 wis bisa rampung. Para warga SMP Negeri 20 Surabaya bisa bubar lan bali menyang kelas kanggo nindakake pasinaon. (*/ Bangkit Irmanudin Bahri, S.Pd.)